Kamis, 21 November 2013

Contoh teks Pembawa acara dalam bahasa jawi (Pranatacara)

Pranata cara ing adicara penampi siswa ing taun wucalan enggal
Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh,
    Nuwun,kepareng dhumateng Bapak/Ibu Kepala SMA ... Ingkang dahat kinabekten, Bapak, Ibu Guru, Karyawan saha para tamu undangan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI,saha XII ingkang kula tresnani.
    Kasugengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya. Kepareng sumela atur, saha nyuwun agunging pangapunten kula kumawantun ngadheg wonten ngarsa panjenengan ,saha ngempil kamardikan ingkang saweg lenggah sekeca wawan pangandikan. Kula kapiji minangka pambiwara ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika.
    Sumangga ingkang kapisan kula panjenengan sedaya tansah manungka puja miwah puji syukur dhumateng ingkang Maha Kuwaos awit sampun maringaken berkah pangestu dhumateng kula panjenengan sedaya , saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.
    Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonce :
1.    Purwaka
2.    Atur Pambagyaharja
3.    Atur Pangandikan saking wakil siswa
4.    Atur pangandikan saking Kepala Sekolah
5.    Wara-wara
6.    Wasana
Mekaten menggah rantamanig adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kasekecakaken lenggah  dumugi paripurnaning adicara.
Sumangga ngengeti kawontenan wekdal kula panjenengan sedaya purwakani adicara punika kanthi donga sesarengan kawula ndherekaken....
Matur nuwun , mugi kanthi donga menika adicara saged lumampah kanthi wilujeng nir ing sambikala saking purwa, madya lan wasana.
Salajengipun atur pambagyaharja ingkang badhe kasarira ketua panitia Bapak... matur nuwung dhumateng panjenenganipun Bapak... ingkang sampun kersa ngaturaken atur pangandikan.
    Salajengipun......................................................................................................................................
    Salajengipun.......................................................................................................................................
    Acara ingkang terakhir inggih menika panutup. Mangga acara ing dalu menika kita tutup kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillah...
    Mekaten saking kawula menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenenganipun sedaya kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

0 komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.

Cari Blog Ini